Sabtu, 28 Januari 2023

Teks pembawa acara tahlilan bahasa jawa Pembawa acara tahlil bahasa jawa

Pembawa acara Tahlil ..
Assalaamu'alaykum, warahmatullaahi, wa barakaatuh..
Innalhamda lillaah..nahmaduhu..wa nasta'iinuhu..wa nastaghfiruh.. Wa na'uudzubillaahi min sururi anfusinaa, wa min syayyi-aati a'maalinaa, man yahdillaahu falaa mudhillalah, wa man yudhlil falaa haadiyalah...
Asyhadu an laaa ilaaha illallaah.. wahdahu laa syariikalah..wa asyhadu anna Muhammadan 'abduhu warasuluhu laa nabiyya ba'dah...
Allaahumma shalli wa sallim wa baarik 'alaa habibinaa Muhammadin, wa 'alaa aalihi wa ashaabihi, wa man tabi'ahum bi ihsaanin illaa yaumiddiin.. ammaa ba'du.

Hadhratal muktaramin, para kiai para alim ulama, para ustadz, Para sepuh, para pinisepuh ingkang tansah kula bektosi, Bapak2, ibu2, para sederek, para rawuh sedaya ingkang kula hurmati, wa bil khusus..shahibul hajat, ibu Dwi Nuryati sekeluarga ingkang kula hurmati, mugi2 kita sedaya tansah dipun rahmati Allah ( اَللّهُ ) Subhaanahu wa ta'ala..

Minangkani purwakaning atur kula, Mangga kula ajak panjenengan sedaya ngaturaken puji syukur Dumateng ngarsanipun Allah Subhaanahu wa ta'alaa dzat ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring kathah sanget kenikmatan dumatheng kita sedaya, khususipun wonten dalu menika kita sedaya saget rawuh wonten dalemipun ibu Dwi Nuryati kanthi kawontenan ingkang sae, sehat wal afiah, mboten wonten alangan setunggal menopo..
Shalawat saha salam mangga kita aturaken dumatheng nabi agung Muhammad ﷺ sumrambah sedaya keluarganipun, sahabat2ipun, ugi sedaya penderekipun.Mugi2 kita sedaya bade pikantuk syafaatipun kanjeng nabi Muhammad ﷺ mbenjing wonten dinten kiamat.aaamiin (آمِيّنْ…)

Para rawuh ingkang kinurmatan...
Wonten dalu menika kita rawuh mriki awit nuhoni undangan saking ibu Dwi Nuryati sekeluarga, dene hajatipun ibu Dwi Nuryati inggih menika mengeti pendhak 2 sedanipun alm.Bpk Ngadimin, Awit saking menika kita sedaya dipun suwuni tulung ngrencani ndedonga nyuwunaken pangapunten alm.Bpk Ngadimin..
Ing mriki kula selaku pranatacara bade ngaturaken menggah urut2an acara wonten dalu menika, ananging kepareng matur sekedik minangka talang basa saking shahibul hajat, Ibu Dwi Nuryati sekeluarga ngaturaken sugeng rawuh dhumateng panjenengan sedaya, Ibu Nuryati sekeluarga ugi raos bombong ing manah, bingah ing manah awit kerawuhan panjenengan, amargi.sedaya ingkang dipun undang InsyaAllah rawuh sedanten. Kanthi menika ibu Dwi sekeluarga ugi ngaturaken agunging panuwun..matur nuwun ingkang kathah.. Selajengipun ibu Dwi Nuryati sekeluarga nyuwun pangapunten mbok bilih aggenipun nampi kerawuhan panjenengan, anggenipun nglenggahaken panjenengan, anggenipun mangkeh paring hidangan mboten ngrenani ing penggalih panjenengan. Ibu Dwi sekeluarga mboten saget paring piwales menapa2 namung saget ndedonga mugi2 kerawuhan panjenengan sedaya menika dipun catet dados amal.sholeh ingkang pahalanipun saget manfaati mbenjing wonten dinten kiamat.
Mekaten atur saking kula minangka talang basa saking shahibul hajat.
Selajengipun kula bade maos menggah susunan acara wonten dalu menika:
1.Pambuka
2.Maos Al-Qur'an dzikir lan doa
3.Istirahat
4.Mau'idhah hasanah
5.Panutup
Para rawuh ingkang kinurmatan, mangga kita wiwiti acara menika, mangga kita bikak acara menika kanthi waosan basmalah sesarengan!
بِسْمِ اللّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ
Mugi2 kanthi waosan basmallah kalawau Allah paring kelancaran lan barokah dumateng acara menika.aaamiin..
Acara angka kalih inggih menika Maos Al-Qur'an dzikir lan doa inkang badhe dipun pimpin kalihan Bapak Fulan, Dumateng panjenenganipun kula semangga aken..
~~~~~~~~~~~~~
Mekaten kalawau maos Al-Qur'an dzikir lan doa, mugi2 Allah paring ijabah menggah hajat kita sedaya, Mugi2 Paring pangapunten dhumateng alm.Bpk Ngadimin, Allah kersa nampi sedaya amal kesaenanipun, lan mangkeh wonten dinten kiamat dipun papanaken wonten surganipun Allah Subhaanahu wa ta'alaa..aaamiin (آمِيّنْ…)
Acara Selajengipun acara angka 3 inggih menika istirahat, dhumateng para muda tumaruna kula semanggaaken..
~~~~~~~~~
~~~~~~~~~
Para rawuh ingkang kinurmatan, nyuwun pangapunten kapeksa kula nyiget anggen panjenengan wawan pangandikan, mangga kita lajengaken acara wonten dalu menika.
Dumugi acara angka sekawan inggih menika mau'idhah hasanah ingkang bade dipun aturaken kalian bapak Samto, wekdal saha panggenan kula semangga aken...
~~~~~~~~
~~~~~~~~
~~~~~~~~
Mekaten kalawau tausiyah saking bapak Samto, mugi2 menapa ingkang sampun dipun aturaken kalawau saget nambahi wawasan kita sedaya, saget kita amalaken wonten saklebetipun gesang wonten dunya menika.

Para rawuh sedaya ingkang minulya...
Alhamdulillaah....
Sedaya acara wonten dalu menika sampun kalampahan kanthi sae... monggo.enggal kita tutup acara menika, mangga kita tutup acara menika kanti maos hamdalah sesarengan...
الْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ.

Semanten saking kula, kula selaku pranata cara nyuwun pangapunten mbok bilih kathah atur kula ingkang mboten ngrenani ing penggalih..
Wa akhiru kalam, wa billahi taufik wal hidayah...
Wassalaamu'alaykum warahmatullaahi wabarakaatuh...