Sabtu, 28 Januari 2023

Teks pembawa acara tahlilan bahasa jawa Pembawa acara tahlil bahasa jawa

Pembawa acara Tahlil ..
Assalaamu'alaykum, warahmatullaahi, wa barakaatuh..
Innalhamda lillaah..nahmaduhu..wa nasta'iinuhu..wa nastaghfiruh.. Wa na'uudzubillaahi min sururi anfusinaa, wa min syayyi-aati a'maalinaa, man yahdillaahu falaa mudhillalah, wa man yudhlil falaa haadiyalah...
Asyhadu an laaa ilaaha illallaah.. wahdahu laa syariikalah..wa asyhadu anna Muhammadan 'abduhu warasuluhu laa nabiyya ba'dah...
Allaahumma shalli wa sallim wa baarik 'alaa habibinaa Muhammadin, wa 'alaa aalihi wa ashaabihi, wa man tabi'ahum bi ihsaanin illaa yaumiddiin.. ammaa ba'du.

Hadhratal muktaramin, para kiai para alim ulama, para ustadz, Para sepuh, para pinisepuh ingkang tansah kula bektosi, Bapak2, ibu2, para sederek, para rawuh sedaya ingkang kula hurmati, wa bil khusus..shahibul hajat, ibu Dwi Nuryati sekeluarga ingkang kula hurmati, mugi2 kita sedaya tansah dipun rahmati Allah ( اَللّهُ ) Subhaanahu wa ta'ala..

Minangkani purwakaning atur kula, Mangga kula ajak panjenengan sedaya ngaturaken puji syukur Dumateng ngarsanipun Allah Subhaanahu wa ta'alaa dzat ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring kathah sanget kenikmatan dumatheng kita sedaya, khususipun wonten dalu menika kita sedaya saget rawuh wonten dalemipun ibu Dwi Nuryati kanthi kawontenan ingkang sae, sehat wal afiah, mboten wonten alangan setunggal menopo..
Shalawat saha salam mangga kita aturaken dumatheng nabi agung Muhammad ﷺ sumrambah sedaya keluarganipun, sahabat2ipun, ugi sedaya penderekipun.Mugi2 kita sedaya bade pikantuk syafaatipun kanjeng nabi Muhammad ﷺ mbenjing wonten dinten kiamat.aaamiin (آمِيّنْ…)

Para rawuh ingkang kinurmatan...
Wonten dalu menika kita rawuh mriki awit nuhoni undangan saking ibu Dwi Nuryati sekeluarga, dene hajatipun ibu Dwi Nuryati inggih menika mengeti pendhak 2 sedanipun alm.Bpk Ngadimin, Awit saking menika kita sedaya dipun suwuni tulung ngrencani ndedonga nyuwunaken pangapunten alm.Bpk Ngadimin..
Ing mriki kula selaku pranatacara bade ngaturaken menggah urut2an acara wonten dalu menika, ananging kepareng matur sekedik minangka talang basa saking shahibul hajat, Ibu Dwi Nuryati sekeluarga ngaturaken sugeng rawuh dhumateng panjenengan sedaya, Ibu Nuryati sekeluarga ugi raos bombong ing manah, bingah ing manah awit kerawuhan panjenengan, amargi.sedaya ingkang dipun undang InsyaAllah rawuh sedanten. Kanthi menika ibu Dwi sekeluarga ugi ngaturaken agunging panuwun..matur nuwun ingkang kathah.. Selajengipun ibu Dwi Nuryati sekeluarga nyuwun pangapunten mbok bilih aggenipun nampi kerawuhan panjenengan, anggenipun nglenggahaken panjenengan, anggenipun mangkeh paring hidangan mboten ngrenani ing penggalih panjenengan. Ibu Dwi sekeluarga mboten saget paring piwales menapa2 namung saget ndedonga mugi2 kerawuhan panjenengan sedaya menika dipun catet dados amal.sholeh ingkang pahalanipun saget manfaati mbenjing wonten dinten kiamat.
Mekaten atur saking kula minangka talang basa saking shahibul hajat.
Selajengipun kula bade maos menggah susunan acara wonten dalu menika:
1.Pambuka
2.Maos Al-Qur'an dzikir lan doa
3.Istirahat
4.Mau'idhah hasanah
5.Panutup
Para rawuh ingkang kinurmatan, mangga kita wiwiti acara menika, mangga kita bikak acara menika kanthi waosan basmalah sesarengan!
بِسْمِ اللّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ
Mugi2 kanthi waosan basmallah kalawau Allah paring kelancaran lan barokah dumateng acara menika.aaamiin..
Acara angka kalih inggih menika Maos Al-Qur'an dzikir lan doa inkang badhe dipun pimpin kalihan Bapak Fulan, Dumateng panjenenganipun kula semangga aken..
~~~~~~~~~~~~~
Mekaten kalawau maos Al-Qur'an dzikir lan doa, mugi2 Allah paring ijabah menggah hajat kita sedaya, Mugi2 Paring pangapunten dhumateng alm.Bpk Ngadimin, Allah kersa nampi sedaya amal kesaenanipun, lan mangkeh wonten dinten kiamat dipun papanaken wonten surganipun Allah Subhaanahu wa ta'alaa..aaamiin (آمِيّنْ…)
Acara Selajengipun acara angka 3 inggih menika istirahat, dhumateng para muda tumaruna kula semanggaaken..
~~~~~~~~~
~~~~~~~~~
Para rawuh ingkang kinurmatan, nyuwun pangapunten kapeksa kula nyiget anggen panjenengan wawan pangandikan, mangga kita lajengaken acara wonten dalu menika.
Dumugi acara angka sekawan inggih menika mau'idhah hasanah ingkang bade dipun aturaken kalian bapak Samto, wekdal saha panggenan kula semangga aken...
~~~~~~~~
~~~~~~~~
~~~~~~~~
Mekaten kalawau tausiyah saking bapak Samto, mugi2 menapa ingkang sampun dipun aturaken kalawau saget nambahi wawasan kita sedaya, saget kita amalaken wonten saklebetipun gesang wonten dunya menika.

Para rawuh sedaya ingkang minulya...
Alhamdulillaah....
Sedaya acara wonten dalu menika sampun kalampahan kanthi sae... monggo.enggal kita tutup acara menika, mangga kita tutup acara menika kanti maos hamdalah sesarengan...
الْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ.

Semanten saking kula, kula selaku pranata cara nyuwun pangapunten mbok bilih kathah atur kula ingkang mboten ngrenani ing penggalih..
Wa akhiru kalam, wa billahi taufik wal hidayah...
Wassalaamu'alaykum warahmatullaahi wabarakaatuh...

Selasa, 22 November 2022

wa idzaa quri"al quraana fastami'uulahu apabila dibacakan Al-Qur'an maka dengarkanlah al a'raaf 204


Allah Subhanahu Wa Ta'ala berfirman:

وَاِ ذَا قُرِئَ الْقُرْاٰ نُ فَا سْتَمِعُوْا لَهٗ وَاَ نْصِتُوْا لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ
"Dan apabila dibacakan Al-Qur'an, maka dengarkanlah dan diamlah, agar kamu mendapat rahmat."
(QS. Al-A'raf 7: Ayat 204)

* Via Al-Qur'an Indonesia https://quran-id.com

Senin, 21 November 2022

wasta'inuu bish-shabri wash-shalaah mintalah tolong kepada Allah dengan sabar dan sholat

Wasta'inuu bish-shabri wash-Sholah...
Al-Qur'an surah AL Baqarah ayat 45-46 tentang jadikan sabar dan sholat sebagai penolongmu dan tentang siapa orang yang khusyuk..



Allah Subhanahu Wa Ta'ala berfirman:

وَا سْتَعِيْنُوْا بِا لصَّبْرِ وَا لصَّلٰوةِ ۗ وَاِ نَّهَا لَكَبِيْرَةٌ اِلَّا عَلَى الْخٰشِعِيْنَ 
"Dan mohonlah pertolongan (kepada Allah) dengan sabar dan sholat. Dan (sholat) itu sungguh berat kecuali bagi orang-orang yang khusyuk,"
(QS. Al-Baqarah 2: Ayat 45)

Allah Subhanahu Wa Ta'ala berfirman:

الَّذِيْنَ يَظُنُّوْنَ اَنَّهُمْ مُّلٰقُوْا رَبِّهِمْ وَاَ نَّهُمْ اِلَيْهِ رٰجِعُوْنَ
"(yaitu) mereka yang yakin bahwa mereka akan menemui Tuhannya dan bahwa mereka akan kembali kepada-Nya."
(QS. Al-Baqarah 2: Ayat 46)

Minggu, 13 November 2022

Pembawa acara kematian bahasa jawa pranoto coro bidaling layon basa jawa umum

Pembawa acara pemakaman jenazah bahasa jawa biasa

A'uudzubillaahi minasy-syaithaanirrajiim..
Bismillaahirrahmaanirrahiim..
Assalaamu'alaykum warahmatullaahi wabarakaatuh...
Alhamdulillaahilladzii khalaqal mauta walhayaata liyabluwakum ayyukum ahsanu 'amala.Wa Huwal'aziizul ghafuur.Asyhadu an laaa ilaaha illallah.wahdahu laa syariikalah...wa asyhadu anna Muhammadan 'abduhu wabrasuluhu laa nabiyya ba'dah.. qaalallaahu ta'alaa filqur'aanil kariim... A'uudzubillaahi minasy-syaithaanirrajiim..Bismillaahirrahmaanirrahiim... wa basy-syirish-shaabiriinalladziina idzaaa ashaabathum-mushiibatun qaaluuu innaa lillaahi wa innaaa ilaihi raaji'uun..
Ammaa ba'du.
Hadhratal muktaramin, para kiayi, para alim ulama, para ustadz. Para sepuh para pinisepuh, para pejabat pemerintah soho tokoh masyakat ingkang kula mulya aken, Bapak2 dalah ibu2, para rawuh, para asung bela sungkawa kakung sumawana putri ingkang tansah kula hormati.Wabil khusus keluarga ingkang nandang dukhita ingkang kula hormati lan mugi2 tansah pinaringan rahmat saha hidayah saking Allah ( اَللّهُ ) subhaanahu wa ta'ala.
Minangkani purwakaning atur, monggo sareng2 ngaturaken puji syukur dumateng Allah ( اَللّهُ ) subhaanahu wa ta'ala ingkang sampun paring kathah sanget nikmat2ipun dumateng kita sedaya amargi wonten kawontenan ingkang kados punapa kemawon nikmat Allah dumateng kita langkung kathah, awit saking menika kita kedah tansah emut lan tansan syukur.

Sholawat lan salam monggo kita aturaken dumateng nabi besar Muhammad ﷺ , mugi2 kita sedaya pikantuk syafaatipun kanjeng nabi Muhammad mbenjang wonten dinten kiamat.aaamiin (آمِيّنْ…)

Para rawuh ingkang kinurmatan...
Wonten ...siang ... menika kira sedaya sampun pirsa bilih panjeneganipun bpk/ibu... sampun katimbalan, sowan dumatheng ngarsanipun Allah subhaanahu wa ta'ala kanthi jalaran gerah sakwetawis wekdal, ingkang dumugi wanci menika dumugi yuswa ...tahun.Nilar garwa. Putra.... wayah...
Lain ing mriki kula minagkani pranata cara bidaling layon badhe ngaturaken menggah susunan acara wonten siang menika.
Acara ingkang angka setunggal Pambuka, acara angka kalih atur pambagyo hayu saking keluarga ingkang nandang dukhita sekalian atur bela sungkawa saking warga masyarakat Karangjati lan para asung bela sungkawa lan ugi saking pemerintahan desa Karangjati Kalijambe.Acara angka tiga doa, acara angka 4 panutup.

Para rawuh ingkang kula hormati, mangga kita wiwiti acara menika kanti maos basmalah sesarengan. Bismillaahirrahmaanirrahiim... Mugi2 kanthi wasilah waosan basmalah kala wau Allah ( اَللّهُ ) paring kelancaran.aaamiin..
Selajengipun Atur pambagya sekaligus atur bela sungkawa asking warga masyarakan lan ugi saking pemerintahan desa Karangjati ingkang bade dipun sarirani kaliyan Bapak... .Dumateng panjenenganioun bapak ... wekdal saha panggenan kula semanggaaken...
~~~~~~~~~~~~~~
Matur sembah nuwun...
Mekaten kala wau atur pambagya dalah atur bela sungkawa ingkan sampun dipun aturaken dening bapak....
Selajengipun waosan doa ingkang badhe dipun pimpin kaliyan bapak.... dumateng penjenenganipun bapak ... kula semanggaaken...
~~~~~~~~~~~~~~~~~~
Mekaten kala wau waosan doa sampun kalampahan kanthi sae, mugi2 Allah ( اَللّهُ ) paring pangapunten sedaya dosa saha kalepatan alm/almh... dipun tampi sedaya amal ibadahipun, dipun papan panggenaken wonten papan panggenan ingkang sae inggih menika suwarganipun Allah Subhaanahu wa ta'alaa.
~~~~~~~~~~~~~~~~
Selajengipun bidaling layon sekaligus panutup. Sakderengipun kula tutup, kula nyuwun agunging samudra pangeksami mbok bilih anggen kula matur wonten khilaf utawi lepat.Minggo kita tutup kanti waosan hamdalah sesarengan.. alhamdulillahi rabbil 'aalamiin.
Semanten saking kula, wa akhiru kalam wabillaahi taufiq wal hidayah wassalaamu 'alaikum warahmatullaahi wa baraakaatuh...

Jumat, 11 November 2022

Wa idzaa quri'al qur'aanu fastami'u Dan apabila dibacakan Al-Qur'an maka dengarkanlah dan diamlah al a'raf ayat 204


Allah Subhanahu Wa Ta'ala berfirman didalam Al-Qur'an surah AL A'raaf ayah 204 tentang peringatan agar saat dibacakan Al-Qur'an kita hendaknya memdengarkan dan diam agar kita mendapat rahmat dari Allah ( اَللّهُ ).

وَاِ ذَا قُرِئَ الْقُرْاٰ نُ فَا سْتَمِعُوْا لَهٗ وَاَ نْصِتُوْا لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ
"Dan apabila dibacakan Al-Qur'an, maka dengarkanlah dan diamlah, agar kamu mendapat rahmat."
(QS. Al-A'raf 7: Ayat 204)


Kamis, 26 Mei 2022

Alhamdulillaahilladzii hadanaalihada wa maa kunnaa linahtadiya lau laa an hadanallaah surat al a'raaf ayat 43 sebagai pembuka ceramah

Alhamdulillaahilladzii hadanaalihada wa maa kunnaa linahtadiya lau laa an hadanallaah, ayat ini terdapat dalam Al-Qur'an surat al a'raaf ayat 43 yg sering digunakan sebagai pembuka ceramah atau pidato acara Islami.

Bacaan tadi merupakan potongan dari surah al a'raf ayah 43 yang bisa diperhatikan pada gambar dan tek seperti dibawah ini.


Allah Subhanahu Wa Ta'ala berfirman:

وَنَزَعْنَا مَا فِيْ صُدُوْرِهِمْ مِّنْ غِلٍّ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهِمُ الْاَ نْهٰرُ ۚ وَقَا لُوا الْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ هَدٰٮنَا لِهٰذَا ۗ وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَاۤ اَنْ هَدٰٮنَا اللّٰهُ ۚ لَقَدْ جَآءَتْ رُسُلُ رَبِّنَا بِا لْحَـقِّ ۗ وَنُوْدُوْۤا اَنْ تِلْكُمُ الْجَـنَّةُ اُوْرِثْتُمُوْهَا 
بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ

Arti ayat 43 surat Al a'raaf 
Makna Al-Qur'an Surat Al A'raf ayat 43 sebagai berikut ini:

"dan Kami mencabut rasa dendam dari dalam dada mereka, di bawahnya mengalir sungai-sungai. Mereka berkata, "Segala puji bagi Allah yang telah menunjukkan kami ke (surga) ini. Kami tidak akan mendapat petunjuk sekiranya Allah tidak menunjukkan kami. Sesungguhnya rasul-rasul Tuhan kami telah datang membawa kebenaran." Diserukan kepada mereka, "Itulah surga yang telah diwariskan kepadamu, karena apa yang telah kamu kerjakan.""
(QS. Al-A'raf 7: Ayat 43)

Jumat, 25 Maret 2022

Dan Dia telah memberikan kepadamu segala apa yang kamu mohonkan kepada-Nya. Dan jika kamu menghitung nikmat Allah, niscaya kamu tidak akan mampu menghitungnya. Sungguh, manusia itu sangat zalim dan sangat mengingkari (nikmat Allah)

Al-Qur'an surah Ibrahim ayah 34 / QS:14:34 tentang kita tidak bisa menghitung nikmat Allah.Hal ini juga disebutkan di surat lain dalam Al-Qur'an yaitu surah AnNahl ayat 18 / QS: 16:18 

 Allah Subhanahu Wa Ta'ala berfirman:


وَاٰ تٰٮكُمْ مِّنْ كُلِّ مَا سَاَ لْـتُمُوْهُ ۗ وَاِ نْ تَعُدُّوْا نِعْمَتَ اللّٰهِ لَا تُحْصُوْهَا ۗ اِنَّ الْاِ نْسَا نَ لَـظَلُوْمٌ كَفَّا رٌ

"Dan Dia telah memberikan kepadamu segala apa yang kamu mohonkan kepada-Nya. Dan jika kamu menghitung nikmat Allah, niscaya kamu tidak akan mampu menghitungnya. Sungguh, manusia itu sangat zalim dan sangat mengingkari (nikmat Allah)."

(QS. Ibrahim 14: Ayat 34)



* Via Al-Qur'an Indonesia https://quran-id.com